Kucing Enom
Bagol lagi bingung ra duwe duit, nah nang dalan ketemu daplun,
Bagol diprentah nggolet kucing sing tesih nom sijine dibyar 100ewu.
kiye critane:
Daplun: "gol raimu deneng lesu temen kaya kesed ya kue.??"
Bagol: "dapurmu sie.. ora duwe duit plun.. utange akeh koh.."
Daplun: "geh gol.. golet kucing enom nganah gawa ngumahku sijine 100ewu.."
Bagol: "temenan apa.. ya tek golete."
(3 jam kemudian bagol meng umaeh daplun nggawa 3 bayi kucing, tangane mbi raine rodal radil dicakari biung kucing)
Bagol: "daplun.. kie nyong ulih 3 bayi kucing plun.. enom-enom banget mbok.?? hahaha" (bagol bungah)
Daplun: "nom kepiwe lah.. kie ya nu wis tua kabeh gol.??"
Bagol: "wis tua plun.?? koe kelilipen apa katarak.?? genah-genah kue bayi kucing koh...tua.??" (mandan kesuh)
Daplun: "ya tua gol.. wong wis metu untu karo kumise kuweh deleng.??"
Bagol: "oooo..digilmu sih.!! kucing lair ya wis ana kaya kuene.. Kentir pancen koe.
JEDERR..GRUMBYANG..BRESS.." (bagol lunga mbi nempang saka emper)
Editor : FFakhri
0 comments:
Post a Comment