Sawijining dina ana guru takon karo muride sing jenengane Daplun, bocah sing paling ngetop merga bodo trus mbejud banget.
Guru :
"Daplun jajal itungna cacaeh murid neng kelas kiye ana pira?”
(Daplun banjur ngetung batir batire 1.2.3.4.5.6.7.8.9.10 mandeg
sedela terus cangkeme umik umik maning ji, ro, lu, pat,
ma, nem, pitu, wolu, sanga, sepuluh)
Guru :
"Pira kabehane Plun wes rampung urung goli ngetung suwe temen kuwe"
Daplun
: "Sampun Pak sedanten wonten sepuluh"
Guru :
“Lha deneng sepuluh thok"
Daplun
: "Lha wong kulo ngetunge mung saged tekan sepuluh mawon Pak guru?!”
Guru
: "Owalah Daplu daplun arep dadi apa si mbesuk gedhene ko ngetung be ora jegos”
(Dasar Daplun bocah mbalelo do meih gurune ya esih teyeng semaur)
Daplun
: "Arep dadi wasit tinju mawon Pak, sing
ngetunge tekan sepuluh tok"
Guru :
" !?!?!?!?!?!*!&^!%!$!#@#!% ?"
Editor : FFakhri
0 comments:
Post a Comment