Aja Boros (Jangan Boros)
Wis dadi pakulinan, Bu Rokhmini guru matematikane Rifa'i angger garep miwiti wulangan ndadak nyelingi pitutur kanggo budi-pekertine murid-murid.
Bu Guru : "Bocah-bocah, siki jaman reregan larang, wong tua agi padha angel pahal. Mulane kudu padha gemi nastiti ati-ati. Aja padha boros. Angger dewehi sangu neng wong tua aja dientekna kabeh, lewih apik dicelengi. Sukur-sukur aja padha jajan. Sangune dicelengi kabeh. Ya bocah-bocah.??"
Murid : "Nggih, Bu Guru" (bocah kelas 1-A mangsuli kabeh. Suarane Rifa'i sing paling seru)
Wulangan matematika dewiwiti,
Bu Guru : "Siki wulangan suda-sudaan. Njajal, Kartinah mangsuli pitakone bu guru, ya.?? Telu disuda loro kari pira.??"
Kartinah: "Setunggal, Bu Guru.."
Bu Buru : "Kartinah pancen pinter kowe.. Siki gari Rifa’i. Telu disuda telu kari pira.??"
Rifa'i: "Setunggal, Bu Guru.."
Bu Guru Rokhmini kaget krungu jawabe Fa'i. Dheweke jane bocah pinter, ningen jawabe koh luput.
Bu Guru : "Deneng telu disuda telu kari siji, Fa'i.??"
Rifa'i : "Lha ngendikane bu guru seniki jaman larang, aja padha boros, kudu gemu nastiti ati-ati. Angger nduwe apa-apa dadi aja dientongna. Tigo desuda tigo nol niku namine boros bu guru.. mulane 3-3=1, di ngaih siji nggo benahan bu.."
Editor : FFakhri
0 comments:
Post a Comment