Breaking News
Loading...
Monday, February 10, 2014

Jeneng Aneh (Nama Aneh)

3:00 PM

Nang kelas, bu guru lagi ngabsen murid muride:

Guru: "Mahesa Purbo Sejati Gunawan.??"

Murid: (kambi ngacung) "Hadir bu.!!"

Guru: "Fichy Seno Nugroho.??"

Murid: "Wonten bu.!!"

Guru: (meneng sedela, soale gumun ana daftar jeneng muride sing aneh)
"sapa sing jenenge W.TAUFIK.WWWW ngacung.??"

Taufik: "Kula bu..."

Guru: "Jenengmu sapa sebenere.??"

Taufik: "Anu bu... emmm... nuwun sewune mawon kula isin diguyu kalih rencang-rencang nek ngendika namine kula.."

Guru: "wis ora papa...ora usah isin-isin.??"

Taufik: "Nggih menawa ibu mekso...namine kula niku.. Wabillahi Taufik Walhidayah Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh"

Guru: "???@*@$*#..." (mamah kapur tulis)

Editor : FFakhri

0 comments:

Post a Comment

 
Toggle Footer